
KabarJawa.com – Tak bisa dipungkiri lagi bahwa menjadi pembawa acara atau Pranatacara di lingkungan tempat tinggal sendiri sering kali menjadi tantangan tersendiri, apalagi jika ditunjuk secara dadakan.
Sebenarnya, kuncinya ialah ketenangan dan penggunaan unggah-ungguh basa yang sopan. Tidak perlu menggunakan kata-kata puitis yang terlalu njelimet, yang penting komunikatif dan menghormati para sesepuh.
Dan bagi Anda yang kebetulan ditunjuk menjadi pranatacara, berikut KabarJawa.com sajikan contoh teks MC pengajian RT/RW yang bisa langsung Anda praktikkan.
Contoh Teks MC Acara Pengajian Tingkat RT RW
Pembukaan
“Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Bismillahirrohmanirrohim.
Innal hamdalillaah, nahmaduhuu, wa nasta’iinuhu, wa nastagh-firuh. Wa na’uudzu billaahi min syuruuri anfusinaa, wa min sayyi-aati a’maalinaa. Man yahdihillaahu falaa mudhilla lah, wa man yudh-lil falaa haadiya lah. Wa asyhadu al-laa ilaaha illallaah, wahdahu laa syariika lah, wa anna muhammadan ‘abduhu wa rasuuluh. Ammaa ba’du
Dhumateng panjenenganipun Bapa Kyai/Ustadz (…) ingkang tansah kita antu-antu barokah ilmu saha pitedahipun. Ingkang kinurmatan Bapak Ketua RW/RT (…), Bapak (…). Saha para bapak, ibu, hadirin jamaah pengajian ingkang dipun mulyaaken Allah.
Langkung rumiyin, sumangga kita ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT. Awit saking rahmat lan hidayah-Ipun, ing wekdal dalu/siyang punika kita saged makempal wonten ing majelis taklim punika kanthi kawontenan sehat wal afiat.
Sholawat saha salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW. Mugi-mugi kita sedaya kalebet umat ingkang pikantuk syafaatipun benjang ing yaumil akhir. Aamiin.
Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka pranatacara, keparenga badhe maosaken menggah urut reroncening adicara pengajian ing wekdal punika:
- Adicara kaping sepisan, Pambuka.
- Adicara kaping kalih, Waosan Ayat Suci Al-Qur’an (Utawi Tahlil).
- Adicara kaping tiga, Sambutan saking Bapak Ketua RT/RW.
- Adicara kaping sekawan, Mauidhoh Hasanah (Inti Pengajian).
- Adicara kaping gangsal, Penutup lan Doa.“
Memasuki Acara Demi Acara
“(Masuk Acara 1: Pembukaan)
Bapak-Ibu ingkang minulya, kagem ngawiti adicara punika, sumangga kita buka kanthi waosan Basmalah sesarengan.
(Bismillahirrahmanirrahim).
Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan menika acara saged lumampah kanthi rancag.
(Masuk Acara 2: Pembacaan Ayat Suci/Tahlil)
Ngancik adicara ingkang kaping kalih, inggih menika waosan Ayat Suci Al-Qur’an (utawi Tahlil), ingkang badhe dipun pimpin dening Bapak/Ibu (…). Wekdal saha papan kula sumanggakaken.
(Setelah selesai)
Matur nuwun dhumateng Bapak/Ibu (…). Mugi-mugi amal sae panjenengan lan kita ingkang midangetaken pikantuk ganjaran saking Allah SWT.
(Masuk Acara 3: Sambutan Ketua RT/RW)
Adicara saklajengipun, inggih menika sambutan saking Bapak Ketua RT/RW. Dhumateng Bapak (…), kula sumanggakaken.
(Setelah selesai)
Matur nuwun dhumateng Bapak (…) ingkang sampun paring sambutan.
(Masuk Acara 4: Inti Pengajian)
Para jamaah ingkang dipun mulyaaken Allah, dumugi kita wonten ing adicara inti, inggih menika Mauidhoh Hasanah utawi pengajian, ingkang badhe dipun wedharaken dening Bapa Kyai/Ustadz (…). Dhumateng Bapa Kyai/Ustadz, wekdal saha papan kula aturaken sumangga.
(Setelah selesai)
Jazakumullah khairan katsiran dhumateng Bapa Kyai/Ustadz (…) ingkang sampun paring ilmu. Mugi-mugi saged kita amalke wonten ing gesang padintenan.”
Penutup
“Adicara ingkang pungkasan inggih menika penutup. Saderengipun kita tutup, kula minangka pranatacara, mbok bilih wonten galap gangsuling atur, saha tindak tanduk ingkang kirang nuju prana, kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Sumangga pengajian punika kita pungkasi kanthi waosan Hamdalah sesarengan.
(Alhamdulillahi rabbil ‘alamin).
Matur nuwun. Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.”
Perlu diingat bahwa teks di atas hanyalah contoh, sehingga Anda perlu menyesuaikannya kembali.
Nah, itulah tadi teks MC acara pengajian yang bisa Anda jadikan referensi.***