
KabarJawa.com – Dalam tradisi masyarakat Jawa, Sepasaran adalah momen sakral yang menandai lima hari usia kelahiran bayi.
Acara ini biasanya diisi dengan kenduri selametan, pemberian nama, serta doa bersama agar si bayi tumbuh menjadi anak yang saleh atau salehah.
Bagi Anda yang didapuk menjadi Pranatacara, penggunaan bahasa yang halus dan tata krama yang tepat sangatlah penting.
Untuk itu berikut KabarJawa.com sajikan contoh teks MC Sepasaran lengkap yang bisa Anda gunakan.
Teks MC Acara Kelahiran Bayi Sepasaran
Pambukaan MC
“Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Alhamdulillahirobbil ‘alamin. Asyhadu an laa ilaaha illallah, wa asyhadu anna Muhammadan rasulullah. Allahumma sholli ‘ala sayyidina Muhammad, wa ‘ala alihi wa ash-habihi ajma’in. Amma ba’du.
Dhumateng para sesepuh, pinisepuh, saha aji sepuh ingkang dahat kinurmatan. Dhumateng para alim ulama, kiai, saha tokoh masyarakat ingkang rinten dalu tansah sinanding kitab suci, ingkang kaantu-antu fatwa saha barokahipun. Saha dhumateng bapak-bapak, ibu-ibu, para rawuh kakung sumawana putri ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin, sumangga kita tansah ngunjukaken raos puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking limpahan rahmat lan hidayahipun, kita sedaya saged makempal wonten ing dalemipun Bapak (Nama Tuan Rumah) ing acara Walimatul Tasmiyah utawi Sepasaran bayi kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Sholawat saha salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun benjang wonten ing yaumul qiyamah.
Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka pranatacara, keparenga badhe maosaken menggah urut reroncening adicara Sepasaran ing dalu/siyang punika:
- Adicara ingkang sepisan, Pambuka.
- Adicara kaping kalih, Waosan Ayat Suci Al-Qur’an lan Sholawat Nabi.
- Adicara kaping tiga, Atur Pambagyaharja (Sambutan Tuan Rumah).
- Adicara kaping sekawan, Inti (Pemotongan rambut/ potong tumpeng dan Pengumuman Nama Bayi).
- Adicara kaping gangsal, Doa Penutup.”
Acara Inti
“(Masuk Acara 1: Pembukaan)
Bapak-Ibu ingkang minulya, murih lancaring lampahing adicara, sumangga kita buka kanthi waosan Basmalah sesarengan.
(Bismillahirrahmanirrahim).
Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan basmalah menika, acara saged lumampah kanthi rancag.
(Masuk Acara 2: Pembacaan Ayat Suci/Sholawat)
Ngancik adicara ingkang kaping kalih, inggih menika waosan Ayat Suci Al-Qur’an saha Sholawat Nabi, ingkang badhe kasarirani dening Bapak/Sadherek (Nama Petugas).
Wekdal saha papan kula sumanggakaken. (Setelah selesai) Matur nuwun dhumateng Bapak/Sadherek (Nama Petugas). Mugi-mugi amal sae panjenengan pikantuk ganjaran saking Allah SWT.
(Masuk Acara 3: Sambutan Tuan Rumah)
Adicara saklajengipun, inggih menika Atur Pambagyaharja saking kulawarga, ingkang badhe dipun slirani dening Bapak (Nama Wakil Tuan Rumah).
Dhumateng panjenenganipun, kula sumanggakaken. (Setelah selesai) Matur nuwun dhumateng Bapak (Nama Wakil) ingkang sampun ngaturaken pambagyaharja.
(Masuk Acara 4: Inti Sepasaran & Pemberian Nama)
Para rawuh ingkang bagya mulya, dumugi kita wonten ing adicara inti, inggih menika upacara Sepasaran minangka wujud syukur dhumateng Allah SWT.
Wonten ing kalodhangan menika, Bapa (Nama Ayah Bayi) lan Ibu (Nama Ibu Bayi) ngaturaken agunging panuwun awit kelahiran putra/putri ingkang kaping (Anak ke-berapa).
Saha ing wekdal menika, bayi ingkang nembe mijil, kanthi resmi dipun paringi asma: “(Sebutkan Nama Lengkap)”
Mugi-mugi lare menika dados putra/putri ingkang sholeh/sholehah, bekti dhumateng tiyang sepuh, migunani tumrap agama, nusa, lan bangsa. Aamiin.
(Masuk Acara 5: Doa Bersama)
Adicara ingkang pungkasan inggih menika Doa Penutup. Dhumateng Bapak Kyai/Ustadz (Nama Pemimpin Doa), kula suwun kanthi hormat kersa mimpin doa, saha saksampunipun doa rampung, adicara kula anggep purna. Wekdal saha papan kula sumanggakaken.”
Penutup
“(Jika doa sudah selesai)
Matur nuwun dhumateng Bapak Kyai (Nama).
Kula minangka pranatacara, mbok bilih wonten galap gangsuling atur, saha tindak tanduk ingkang kirang nuju prana, kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Bilahitaufiq wal hidayah. Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.”
Perlu diingat bahwa teks di atas hanyalah contoh, sehingga Anda perlu menyesuaikannya kembali.
Nah, itulah tadi teks MC acara kelahiran bayi Sepasaran yang bisa Anda jadikan referensi.***