
KabarJawa.com – Teks sesorah sering kali dijadikan lomba maupun tugas di sekolah. Dimana, hal ini bertujuan untuk melatih kemahiran berbahasa Jawa dari para siswa.
Nah, bagi para siswa yang sedang mencari referensi pidato Bahasa Jawa, berikut KabarJawa.com sajikan referensi dengan tema “Budi Pekerti”.
Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat Tema Budi Pekerti
“Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang winantu ing pakurmatan.
Bapak/Ibu Guru ingkang kula bekteni.
Saha kanca-kanca siswa siswi ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin, sumangga kita tansah ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.
Awit saking rahmat lan hidayah-Ipun, kita sedaya saged makempal wonten ing papan menika kanthi kawontenan sehat walafiat.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Ing kalodhangan menika, keparenga kula matur sekedhik babagan “Pentingipun Budi Pekerti”.
Budi pekerti utawi unggah-ungguh menika sejatosipun jati dhirinipun bangsa kita. Menawi kita ningali jaman sakmenika, kathah sanget kedadosan ingkang nrenyuhaken manah. Kathah lare mudha ingkang kirang tata krama, wani kalih tiyang sepuh, lan tumindak sakepenakipun piyambak.
Pramila, kanca-kancaku sedaya, Budi pekerti menika boten namung dipun apalaken wonten ing pikiran, nanging kedah dipun wujudaken kanthi tumindak nyata.
Kados pundi caranipun? Gampil sanget, yaiku:
- Urmat dhumateng Bapak/Ibu Guru nalika ing sekolah.
- Manut dhawuhipun tiyang sepuh nalika ing griya.
- Saha tresna lan rukun dhumateng sesami kanca.
Menawi kita saged njaga lathi (ucapan) lan tumindak kita, insya Allah kita badhe dados generasi ingkang migunani tumrap agama, nusa, lan bangsa.
Bapak, Ibu, saha kanca-kanca ingkang bagya mulya,
Cekap semanten atur kula. Mugi-mugi kita sedaya saged dados tiyang ingkang gadhah budi pekerti luhur.
Menawi wonten klinta-klintunipun atur, utawi solah bawa ingkang kirang mranani penggalih, kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Matur nuwun. Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.”
Perlu diingat bahwa teks di atas hanyalah contoh, sehingga penting bagi Anda untuk menyesuaikannya kembali.
Cara agar Cepat Hafal
Dalam menyampaikan sesorah, kuncinya adalah memahami isinya, selain itu ada pula beberapa poin yang perlu diperhatikan antara lain sebagai berikut.
- Pahami Kata Kunci: Cobalah ingat-ingat kata kuncinya, misal Jati dhiri (identitas), Tumindak nyata (aksi nyata), Urmat (hormat), Manut (patuh), dan lainnya.
- Ruin Latihan: Selanjutnya, pastikan berlatih di depan cermin lalu perhatikan ekspresi wajah dan intonasinya supaya Anda tidak terlihat seperti hafalan.
- Tidak Terpaku pada Hafalan: Terakhir, seperti yang sudah disinggung sebelumnya, pastikan untuk memahami inti sesorah alias tidak menghafal per kata.
Nah, itulah tadi teks pidato sesorah dengan tema Budi Pekerti yang bisa Anda jadikan referensi. Semoga bermanfaat.***