
KabarJawa.com – Bagi Anda yang baru saja menempati hunian baru, mengadakan acara syukuran atau slametan adalah tradisi yang lumrah di masyarakat Jawa. Tujuannya yakni memohon keselamatan dan berkah kepada Tuhan YME.
Nah, jika Anda merupakan tuan rumahnya dan kebetulan diminta memberikan sambutan, berikut KabarJawa.com sjaikan referensi teks pidato yang bisa Anda gunakan.
Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Acara Syukuran Rumah Baru
“Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Nuwun, dhumateng para sesepuh, pinisepuh ingkang dahat kinurmatan.
Dhumateng Bapak Ketua RT/RW… ingkang kula hormati.
Para Alim Ulama, Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para kadang wreda muda ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin, sumangga kita tansah ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.
Awit saking rahmat lan hidayah-Ipun, kita sedaya saged makempal wonten ing griya kula menika kanthi kawontenan sehat walafiat, boten kirang satunggal menapa.
Sholawat saha salam, mugi tansah konjuk dhumateng Nabi Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun wonten ing yaumul qiyamah mangke.
Bapak, Ibu, saha para rawuh ingkang minulya, Kula minangka talanging atur saking keluwarga, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami, awit kerawuhan panjenengan sedaya ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal kangge nyembadani ulem kula.
Wondene wigatosing perlu kula ngaturi panjenengan sedaya, inggih menika perlu nyuwun donga pangestu, bilih Alhamdulillah kula sakulawarga sampun dipun paringi rejeki lan kalodhangan kangge manggeni gubuk utawi griya enggal menika.
Kula nyuwun donga saking para rawuh, mugi-mugi griya ingkang kula panggoni menika, dados griya ingkang “Baiti Jannati”.
Mugi-mugi tansah pinaringan berkah, ayem tentrem, tebih saking bala lan musibah, sarta ndadosaken kula sakulawarga langkung sregep anggenipun ngibadah dhumateng Gusti.
Para rawuh ingkang kinurmatan, Kula ugi nyuwun pangapunten, mbok bilih anggen kula nampi rawuh panjenengan sedaya wonten kirangipun, napa niku saking papan palenggahan, pasugatan, utawi tata krama ingkang kirang mranani penggalih.
Namung menika ingkang saged kula aturaken. Salajengipun, kula nyumanggakaken dhumateng para tamu kangge ngrahabi pasugatan sakwontenipun.
Cekap semanten atur kula. Menawi wonten klinta-klintunipun atur, kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Matur nuwun. Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.”
Perlu diingat bahwa teks di atas hanyalah contoh kerangka dasarnya. Anda pun disarankan agar kembali kembali kalimatnya agar lebih pas dengan gaya bahasa serta kondisi lingkungan Anda.
Nah, itulah tadi teks pidato Bahasa Jawa yang bisa Anda jadikan referensi untuk acara syukuran rumah baru. Semoga bermanfaat.***