
KabarJawa.com – Menjadi wakil keluarga dalam acara lelayu memang memerlukan ketenangan serta tata bahasa yang tepat.
Umumnya, wakil keluarga akan menyampaikan pidato yang bertujuan untuk memohonkan maaf atas kesalahan almarhum/almarhumah serta mengucapkan rasa terima kasih kepada para pelayat.
Dan bagi Anda yang kebetulan bertugas menyampaikannya dalam Bahasa Jawa, berikut KabarJawa.com sajikan referensi teks sesorah yang singkat, padat, dan menyentuh hati.
Teks Pidato Bahasa Jawa Acara Kematian
“Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Innalillahi wa inna ilaihi raji’un. Alhamdulillahirobbil ‘alamin, wa bihi nasta’in. Asyhadu an laa ilaaha illallah, wa asyhadu anna Muhammadan rasulullah.
Dhumateng para sesepuh, pinisepuh, saha aji sepuh ingkang dahat kinurmatan. Dhumateng para takziyin lan takziyat (para pelayat) ingkang dipun mulyaaken Allah.
Langkung rumiyin, sumangga kita tansah ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT. Awit saking pepesthenipun, kita sedaya saged makempal wonten ing griya duka punika kangge asung bela sungkawa dhumateng Almarhum/Almarhumah Bapak/Ibu/Sedherek (Sebutkan nama almarhum/almarhumah).
Kula minangka talanging atur saking kulawarga ageng, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng panjenengan sedaya, ingkang sampun kersa rawuh, paring donga pamuji, saha paring pambiyantu awujud punapa kemawon. Mugi-mugi sedaya amal sae panjenengan pikantuk piwales ingkang matikel-tikel saking Allah SWT.
Bapak/Ibu ingkang kinurmatan, Kados ingkang sampun kita mangertosi, bilih Bapak/Ibu (Nama almarum/almarhumah) sampun kapundhut wangsul wonten ngarsanipun Allah SWT rikala dinten (HARI), tabuh (Jam). Kulawarga sampun ikhlas, nampi pacoban menika kanthi lila legawa.
Wonten ing kalodhangan menika, kula nyuwunaken agunging samudra pangaksami kagem Almarhum/Almarhumah. Mbok bilih rikala sugengipun, Almarhum nggadhahi kalepatan, tindak-tanduk ingkang kirang mranani, utawi atur wicara ingkang nyakiti penggalih panjenengan sedaya, mugi kersa paring pangapunten.
Mugi-mugi kanthi pangapunten panjenengan, saged ngentengaken lampahipun Almarhum/Almarhumah sowan dhumateng Allah SWT. Kita sekseni sesarengan bilih Almarhum menika tiyang ingkang sae.
Wasana, minangka pungkasaning atur. Mangga kita ndedonga sesarengan, mugi-mugi arwahipun Almarhum/Almarhumah tinampi amal ibadahipun, dipun apunten dosa-dosanipun, lan dipun paringi papan ingkang mulya ing sisihipun Allah SWT.
Cekap semanten atur kula. Mbok bilih wonten kirangipun trapsila anggen kula matur, kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.”
Perlu diingat, teks di atas hanyalah contoh, sehingga Anda perlu menyesuaikannya kembali. Selain itu, ada pula banyak poin penting dalam penyampaiannya.
Hal yang Perlu Diperhatikan Saat Menyampaikan Sesorah Lelayu
Sebagai informasi, berikut adalah beberapa hal yang harus Anda perhatikan saat menyampaikan teks pidato ini:
Nada Bicara
Gunakan nada yang rendah, tenang, dan sareh (sabar). Jangan berbicara dengan nada tinggi atau terlalu cepat seperti orang sedang orasi semangat.
Sikap Tubuh dan Ekspresi
Berdirilah dengan sikap ngapurancang (tangan ditangkupkan di bawah perut) sebagai tanda penghormatan dan kerendahan hati. Jangan banyak melakukan gerakan tangan. Sementara, dari sisi wajah, tunjukkan ekspresi duka atau empati.
Durasi Singkat
Upacara kematian biasanya menuntut waktu yang efisien agar jenazah bisa segera dimakamkan. Untuk itu, pastikan sampaikan poin-poinnya saja, tidak perlu bertele-tele.
Ketepatan Data
Terakhir dan tak kalah penting, pastikan Anda menyebutkan nama lengkap Almarhum, waktu meninggal, dan lokasi pemakaman dengan benar agar tidak terjadi kesalahpahaman informasi bagi pelayat.
Nah, demikian tadi teks sesorah layatan yang bisa Anda jadikan contoh.***