
KabarJawa.com – Merancang teks sesorah atau pidato Bahasa Jawa sering kali dijadikan tugas maupun materi lomba antar sekolah.
Para siswa umumnya akan diminta untuk membahas lingkungan. Dan jika Anda kebetulan mendapatkan tugas atuapun hendak maju lomba, maka Anda tak perlu bingung lagi.
Pada dasarnya, struktur sesorah yang baik harus memuat Pambuka (pembukaan), Surasa Basa (isi), dan Wasana Basa (penutup).
Jika Anda masih bingung, berikut KabarJawa.com sajikan teks sesorah singkat tentang lingkungan yang bisa Anda jadikan referensi.
Teks Tema Menjaga Kebersihan Kelas
“Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru ingkang kula bekteni, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin, sumangga kita ngunjukaken puji syukur dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, awit saking rahmatipun kita saged makempal wonten mriki kanthi sehat walafiat.
Para rawuh ingkang kinurmatan, Kelas menika kados dene griya kaping kalih tumrap kita para siswa. Saben dinten kita sinau, pados ilmu, lan srawung wonten ing mriki. Pramila, karesikan kelas menika wigati sanget.
Menawi kelas kita reged, kathah uwuh (sampah) berserakan, lan lante boten dipun sapu, tamtu kita boten badhe krasa betah anggenipun sinau. Konsentrasi saged buyar amargi hawa ingkang boten sekeca.
Pramila, kula ngajak dhumateng kanca-kanca sedaya. Mangga kita sengkuyung jadwal piket kanthi tertib. Sampun ngantos mbucal sampah ing laci meja. Mangga kita jaga kelas menika supados tansah resik, rapi, lan endah, amrih kita saged sinau kanthi lancar lan prestasinipun mindhak.
Cekap semanten atur kula. Menawi wonten kalepatan, kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.”
Teks Tema Bahaya Sampah Plastik
“Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Dhumateng Bapak/Ibu Juri ingkang dhahat kinurmatan, saha para kanca ingkang bagya mulya.
Puji syukur konjuk dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring kasarasan dhumateng kita sedaya.
Hadirin ingkang minulya, Ing kalodhangan menika, keparenga kula matur babagan “Bahaya Sampah Plastik”. Kados ingkang sampun kita mangertosi, plastik menika barang ingkang gampil dipun ginakaken, nanging awrat sanget anggenipun musna. Plastik butuh wekdal atusan taun supados saged ancur wonten ing lemah.
Menawi kita tansah mbucal plastik sembarangan, lingkungan kita badhe risak. Lemah dados cengkar, toya kali dados mampet, lan sato kewan saged pejah amargi mangan plastik.
Pramila, minangka generasi mudha, mangga kita wiwit ngirangi panggunaan plastik. Caranipun gampil: mbeta botol ombe piyambak saking griya lan mbeta tas kain menawi blanja.
Setunggal langkah alit saking kita, ageng ginanipun tumrap masa depan bumi pertiwi. Sampun ngantos kita ninggalaken warisan rupa sampah dhumateng anak putu benjang.
Mekaten ingkang saged kula aturaken. Kupat janure klapa, menawi lepat nyuwun pangapura.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.”
Teks Tema Peduli Lingkungan Sekolah dan Daur Ulang Sampah
“Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Bapak/Ibu Guru saha kanca-kanca ingkang tansah kula tresnani.
Sumangga kita tansah memuji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.
Para kanca sedaya, Sekolah kita menika papan ingkang asri. Nanging, kaendahan menika saged ical menawi kita boten peduli dhumateng sampah. Sampah menika sejatosipun saged dados berkah menawi kita saged ngolah kanthi bener.
Kula ngajak kanca-kanca kangge nindakaken program “Daur Ulang”.
Sepindah, kita pilah sampah organik lan anorganik.
Kaping kalih, sampah plastik kados botol bekas, saged kita damel kerajinan tangan utawi ecobrick ingkang migunani.
Kaping tiga, sampah godhong saged kita olah dados pupuk kompos kangge taman sekolah.
Kanthi cara makaten, sekolah kita boten namung resik, nanging ugi saged ngasilaken karya ingkang kreatif. Mangga kita dados siswa ingkang kreatif lan peduli lingkungan.
Cekap semanten atur kula. Nyuwun agunging sih samudra pangaksami menawi wonten tutur basa ingkang kirang tata.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.”
Perlu diingat, naskah di atas hanyalah contoh. Sehingga, Anda perlu menyesuaikannya kembali.
Nah, itulah tadi beberapa teks pidato Bahasa Jawa tentang lingkungan yang bisa Anda jadikan referensi. Semoga bermanfaat.***