
KabarJawa.com – Peringatan Isra Miraj Nabi Muhammad SAW 1447 Hijriah akan segera tiba. Berdasarkan kalender resmi, momen bersejarah ini jatuh pada pertengahan Januari, tepatnya pada tanggal 16 Januari 2026.
Di berbagai pelosok desa di Jawa, peringatan ini biasanya disambut dengan pengajian akbar atau tirakatan di masjid dan musala. Tentu saja, peran seorang MC atau Pranatacara menjadi kunci suksesnya acara.
Jika Anda ditunjuk menjadi MC dan harus menggunakan Bahasa Jawa Krama Inggil, jangan panik. Kuncinya adalah ketenangan dan pemilihan kata yang sopan.
Untuk itu, berikut KabarJawa.com sajikan contoh teks MC lengkap berbagai sesi, mulai dari mukadimah hingga penutup.
Contoh Teks MC Pranatacara Isra Miraj 2026
Sesi Pembuka MC
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
نَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا، وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ ،َأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ , وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ
Ingkang kinurmatan, para alim ulama, para kiai, saha para ustaz ingkang tansah kita antu-antu berkah lan kawruhipun.
Khususipun dhumateng Bapak Kiai (Sebutkan Nama Penceramah) ingkang kita tengga mauidhoh hasanahipun.
Ingkang kula hormati, Bapak Kepala Desa/Ketua Takmir Masjid (Sebutkan Nama Masjid). Saha Bapak, Ibu, hadirin wal hadirat jamaah pengaosan ingkang dimulyakaken Allah.
Langkung rumiyin, sumangga kita tansah ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT. Awit saking limpahan rahmat lan hidayahipun, ing dalu/siang punika kita saged makempal wonten ing majelis punika kanthi wilujeng, saperlu nindakaken Peringatan Isra Miraj Nabi Muhammad SAW 1447 Hijriah.
Sholawat saha salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun benjang ing yaumul qiyamah. Amin.
Para rawuh ingkang kinurmatan, keparenga kula minangka pranatacara, badhe ngaturaken reroncening adicara ingkang badhe kalampah ing wekdal punika:
- Adicara kaping setunggal: Pambuka.
- Adicara kaping kalih: Waosan Ayat Suci Al-Qur’an.
- Adicara kaping tiga: Atur Pambagyaharja (Sambutan) saking Ketua Panitia.
- Adicara kaping sekawan: Inti Pengaosan Isra Miraj.
- Adicara kaping gangsal: Doa lan Panutup.
Minangka pambuka, sumangga adicara punika kita bikak kanthi waosan Basmalah sesarengan. (Bismillahirrahmanirrahim)
Sesi Pembacaan Ayat Suci Al-Quran
Matur nuwun. Tumapak ing adicara ingkang angka kalih, inggih punika lantunan gema wahyu Ilahi utawi waosan Ayat Suci Al-Qur’an. Dhumateng sedherek/ustaz (Sebutkan Nama Qori), sasana saha swasana kula sumanggakaken.
(Setelah selesai membaca)
Maha leres Allah kanthi sedaya firmanipun. Mugi-mugi waosan kala wau nambah kandelipun iman lan taqwa kita sedaya.
Sesi Sambutan
Adicara salajengipun inggih punika atur pambagyaharja saking Ketua Panitia. Dhumateng Bapak/Mas (Sebutkan Nama), wekdal kula aturaken.
(Setelah sambutan selesai)
Matur nuwun dhumateng Bapak (Nama) ingkang sampun ngaturaken pambagyaharja.
Acara Inti Pengajian
Hadirin ingkang dipun mulyakaken Allah, dumugi titi wanci ingkang kita tengga-tengga, inggih punika mauidhoh hasanah utawi uraian hikmah Isra Miraj ingkang badhe dipun wedharaken dening Almukarrom Bapak Kiai (Sebutkan Nama Penceramah). Dhumateng Bapak Kiai, wekdal saha papan kula sumanggakaken.
(Ceramah berlangsung)
Matur nuwun dhumateng Almukarrom Bapak Kiai ingkang sampun paring ilmu saha pitedah ingkang migunani tumrap kita sedaya.
Sesi Doa dan Penutup
Para jamaah, mboten keraos adicara sampun dumugi purna. Minangka panutuping acara, sumangga kita tutup kanthi doa ingkang badhe dipun pimpin dening Bapak (Sebutkan Nama, atau biasanya langsung oleh Kiai Penceramah).
(Setelah doa)
Bapak Ibu ingkang kinurmatan, makaten lampahing adicara Peringatan Isra Miraj dalu/siang punika. Kula minangka pranatacara, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur utawi kiranging subasita, kula nyuwun agunging pangaksama.
Puwputing atur, Billahi taufiq wal hidayah. Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Perlu diingat, teks di atas hanyalah contoh, sehingga Anda perlu menyesuaikannya kembali.
Nah, itulah tadi teks MC Bahasa Jawa untuk acara peringatan Isra Miraj 2026 yang bisa Anda jadikan referensi saat bertugas nanti.***