Teks MC Acara Lamaran ‘Peningsetan’: Contoh Singkat, tapi Lengkap Awal sampai Penutup

Bagikan :
arti mimpi menikah
Ilustrasi teks MC acara lamaran ‘peningset’ /Pexels

KabarJawa.com – Dalam tradisi pernikahan adat Jawa, proses menuju pelaminan tak terjadi secara instan. Ada tahapan-tahapan tertentu yang harus dilalui, mulai dari nontoni, lamaran, hingga peningsetan.

Berdasarkan laman resmi Pemerintah Kabupaten Sleman, Peningset merupakan cerminan tanggung jawab pengantin pria terhadap pasangannya.

Sehingga, acara ini menjadi sebuah simbol pengikat janji di mana calon pengantin pria menyerahkan sejumlah hantaran sebagai wujud keseriusan dan tanggung jawabnya kepada calon mempelai wanita.

Bagi Anda yang didapuk menjadi Pranatacara atau MC dalam acara sakral ini, tidak perlu gugup. Kuncinya adalah ketenangan dan penggunaan tata bahasa krama yang halus.

Untuk itu, berikut KabarJawa.com sajikan contoh teks MC Bahasa Jawa yang singkat, padat, namun mencakup seluruh rangkaian acara dari awal hingga akhir.

Pambuka (Pembukaan)

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Kula nuwun.

Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, saha para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi.

Para pangemban pangembating praja satriyaning nagari ingkang minangka pandam pandoming para kawula dasih, ingkang sinudarsana.

Khumusus, dhumateng brayat ageng Bapa (Nama Ayah Pria) saking tlatah (Asal Pria) ingkang pantes kinurmatan. Sumrambah dhumateng Bapa (Nama Ayah Wanita) minangka hamengku gati ingkang bagya mulya.

Langkung rumiyin, sumangga kita ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking sih wilasanipun, kita sedaya saged makempal wonten ing wisma punika kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Sholawat saha salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun ing yaumul qiyamah.

Membacakan Susunan Acara

Para rawuh ingkang kinurmatan, keparenga kula minangka pranatacara, badhe ngaturaken reroncening adicara lamaran utawi peningsetan ing siang/dalu punika:

Pambuka.

Atur Pambagyaharja saking Hamengku Gati.

Adicara Inti (Pasrah Panampining Lamaran).

Adicara Simbolis.

Doa saha Panutup.

Minangka pambuka, sumangga adicara punika kita bikak kanthi waosan Basmalah sesarengan. Bismillahirrahmanirrahim.

Sambutan Tuan Rumah

Lumebet ing adicara ingkang kaping kalih, inggih punika atur pambagyaharja utawi pambuka saking kulawarga Bapa (Nama Ayah Wanita). Dhumateng Bapa (Nama Wakil Tuan Rumah), sasana saha swasana kula sumanggakaken.

(Setelah sambutan selesai)

Matur nuwun dhumateng Bapa (Nama Wakil) ingkang sampun ngaturaken pambagyaharja.

Inti Acara

Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, dumugi titi wanci ingkang kita tengga, inggih punika adicara inti.

Ingkang sepisan, atur pangandikan utawi pasrah lamaran saking kulawarga calon penganten kakung. Dhumateng Bapa (Nama Jubir Pria), wekdal kula aturaken.

(Setelah Jubir Pria menyampaikan lamaran)

Mekaten atur pangandikan saking kulawarga kakung ingkang sampun cetha terwaca ngaturaken sedya lan kersa. Pramila, sumangga kita midhangetaken atur panampi utawi jawaban saking kulawarga calon penganten putri. Dhumateng Bapa (Nama Jubir Wanita), kula sumanggakaken.

(Setelah Jubir Wanita menerima lamaran)

Alhamdulillahirobbil ‘alamiin. Sampun padhang terwaca bilih lamaran saking Mas (Nama Pria) dhumateng Mbak (Nama Wanita) sampun katampi kanthi gumbiraning manah.

Simbolis Peningset

Minangka tandha pikuwating rembag lan pangiket, badhe kalajengaken adicara simbolis pasrah peningset minangka “tanda tresna”. Sumangga.

(Prosesi penyerahan Peningset)

Mugi-mugi kalpika ingkang sampun tumempel punika dados pralambang tresna ingkang tanpa wates lan langgeng dumugi purnaning jaman.

Doa & Penutup

Para rawuh ingkang mulya, purnaning adicara simbolis, sumangga kita nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi niat suci punika tansah pinaringan berkah lan lancar dumugi dinten Ijab Qobul mangke. Dhumateng Bapa (Nama Pemimpin Doa), kula sumanggakaken memimpin doa.

(Setelah doa)

Amin, Amin Ya Rabbal ‘Alamin.

Bapak Ibu ingkang kinurmatan, mekaten lampahing adicara lamaran lan peningsetan ing wekdal punika. Kula minangka pranatacara, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur utawi kiranging subasita, kula nyuwun agunging pangaksama.

Puwputing atur, Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

(Dilanjutkan ramah tamah)

Perlu diingat bahwa naskah di atas hanyalah contoh, sehingga Anda perlu menyesuaikannya kembali.

Baca juga  Kumpulan Kosakata Kerja dalam Bahasa Jawa Kromo: Mangan, Turu, Lunga, dll

Demikianlah tadi referensi teks MC acara lamaran ‘Peningsetan’ lengkap dengan informasi penting mengenainya. Semoga bermanfaat.***

Berita Terbaru

Universitas Ngudi Waluyo memiliki 24 program studi dari D3 hingga S2, mencakup bidang kesehatan, bisnis, hukum, dan pendidikan.
Berapakah Jumlah Program Studi yang Ada di Universitas Ngudi Waluyo Saat ini?
Nomor punggung Pelé yang paling ikonik adalah 10. Simak sejarah angka tersebut dan tiga gelar Piala Dunia Brasil.
Apa Nomor Punggung Paling Ikonik Pele di Panggung Piala Dunia?
KKB-Papua
Penembakan Pegawai Dinas Pertanian Jayawijaya, 3 Orang Tewas di Pedalaman Papua
All You Can Eat Steamboat & Grill hadir di Novotel & ibis YIA Kulon Progo dengan panorama Menoreh dan pilihan paket menarik.
All You Can Eat Steamboat & Grill Hadir di Novotel & ibis YIA Kulon Progo: Kuliner dengan Panorama Menoreh
Jadwal one way Puncak 12-13 September 2026 berlaku situasional. Ganjil genap ditiadakan, cek jam arah naik dan turun.
Jadwal One Way Jalur Puncak12-13 September 2026: Ganjil Genap Ditiadakan, Satu Arah Situasional

Terpopuler

Video kasir Indomaret viral 7 menit ramai di media sosial. Simak fakta soal isi video, Lylia, dan klaim akun media sosialnya. (Foto ilustrasi: Pixabay/lolo_btl)
Video Kasir Indomaret Viral 7 Menit Isinya Apa dan Nama Akun IG serta TikTok Lylia yang Disebut-sebut Pemeran Video
Nama kepala sekolah dan guru SD Pekalongan yang viral belum diumumkan. Disdikbud membenarkan kasus dan menjatuhkan sanksi. (Foto ilustrasi Pixabay/geralt)
Siapa Kepala Sekolah dan Guru SD Pekalongan Viral Video Asusila yang Dicopot Disdikbud?
pemeliharaan jaringan listrik
Jadwal Pemadaman Listrik Surabaya Hari Ini, Cara Cek Info Real Time & Akurat
Lokasi Tilang Operasi Patuh Progo 2026 Jogja
Titik Lokasi Rawan Tilang di Jogja, Operasi Patuh Progo 2026: ETLE Sleman, Bantul dan Sekitarnya
Jadwal Ganjil Genap Puncak 26 April 2026
Jadwal Buka Tutup Puncak 26 April 2026, Berlaku One Way atau Ganjil Genap? Cek Estimasinya