
KabarJawa.com – Menjadi seorang pembawa acara atau MC sebenarnya tidak melulu identik dengan panggung megah seperti hajatan pernikahan atau pentas seni.
Peran ini justru sering kali dibutuhkan dalam lingkup sosial yang paling dekat dengan keseharian kita, salah satunya adalah rapat Rukun Tetangga atau RT.
Meskipun terlihat sederhana, memimpin jalannya rapat RT bisa menjadi tantangan tersendiri. Tantangan tersebut akan terasa semakin berat jika rapat tersebut mengharuskan penggunaan Bahasa Jawa halus atau krama inggil.
Bagi Anda yang mendadak ditunjuk bertugas menjadi pranatacara namun belum terbiasa, situasi ini tentu bisa membuat gugup.
Namun Anda tidak perlu khawatir lagi. Berikut KabarJawa.com sajikan contoh teks MC singkat namun lengkap yang dirancang khusus untuk acara rapat RT, mulai dari pembukaan hingga penutupan.
Contoh Teks MC Bahasa Jawa Singkat untuk Acara Rapat RT
Pembukaan
“Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Ingkang kinurmatan Bapak Ketua RT (sebutkan nomor RT/RW), Bapak (Sebutkan Nama). Ingkang kula hormati Bapak-bapak lan Ibu-ibu warga RT (sebutkan nomor) sedaya.
Langkung rumiyin, sumangga kita sesarengan ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT. Awit saking rahmat lan hidayahipun, kita sedaya saged makempal wonten ing papan menika kanthi wilujeng, mboten wonten alangan setunggal menapa, kangge ngawontenaken rapat rutin wananen menika.”
Bapak-Ibu ingkang bagya mulya, keparenga kula minangka pranatacara badhe maosaken rantamaning adicara ing dalu punika:
- Adicara ingkang sepisan, pambuka.
- Kaping kalih, sambutan saking Bapak Ketua RT.
- Kaping tiga, laporan saking Bendahara lan Sekretaris.
- Kaping sekawan, inti rapat utawi musyawarah.
- Kaping gangsal, lain-lain utawi arisan.
- Adicara ingkang pungkasan, panutup lan dhahar sesarengan.
Mungguh kangge nyigeg wekdal, sumangga adicara menika kita buka sesarengan kanthi waosan Basmalah. Bismillahirrahmanirrahim. Mugi-mugi acara saged lumampah kanthi lancar.”
Sambutan Ketua RT
“Dhumateng Bapak Ketua RT, Bapak (Sebutkan Nama), wekdal saha papan kula sumanggakaken.” (Setelah sambutan selesai) “Matur nuwun dhumateng Bapak Ketua RT ingkang sampun paring sambutan.”
Acara Inti dan Lain-lain
“Adicara salajengipun inggih menika laporan saking pengurus lan musyawarah warga. Dhumateng Bapak/Ibu pengurus ingkang bertugas, sumangga.” (Setelah sesi diskusi selesai) “Matur nuwun. Adicara salajengipun inggih menika lain-lain utawi arisan.”
Penutup
“Bapak-Ibu ingkang kinurmatan, adicara demi adicara sampun kita lampahi sesarengan. Kula minangka pranatacara, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur utawi tindak tanduk ingkang kirang mranani penggalih, kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Sumangga acara menika kita tutup kanthi waosan Hamdalah sesarengan. Alhamdulillahi rabbil ‘alamin.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Monggo Bapak-Ibu, sakmenika wonten dhedhaharan sakedhik, saged dipun cicipi sinambi ngobrol santai.”
Hal yang Perlu Diperhatikan
Satu hal yang perlu Anda ingat adalah naskah di atas hanyalah sebuah kerangka referensi atau contoh dasar. Anda sangat disarankan untuk menyesuaikannya kembali dengan kondisi di lapangan.
Misalnya mengganti nama tokoh, menyesuaikan susunan acara, atau mengubah gaya bahasa sesuai dengan keluwesan masing-masing kampung.
Nah, itulah tadi referensi teks MC Bahasa Jawa yang bisa Anda jadikan pegangan untuk memimpin rapat tingkat RT. Semoga bermanfaat.***