
KabarJawa.com – Dalam tradisi pernikahan adat Jawa, peran seorang MC atau yang lebih dikenal dengan sebutan Pranatacara memegang kendali yang cukup krusial.
Pranatacara bukan sekadar pembaca susunan acara. Ia adalah “dalang” yang mengatur ritme suasana, mengubah keheningan menjadi kesakralan saat akad, dan mengubah ketegangan menjadi kegembiraan saat berlangsungnya resepsi.
Sementara itu, penggunaan Basa Jawa Krama Inggil mutlak diperlukan untuk menghormati tradisi dan para tamu luhur yang hadir.
Nah, bagi Anda yang didapuk menjadi Pranatacara dan sedang mencari referensi kata-kata yang pas, maka Anda tak perlu pusing tujuh keliling. Berikut KabarJawa.com sajikan contoh teks MC lengkap mulai dari prosesi Akad hingga Resepsi.
Contoh Teks Pranatacara Manten (Akad & Resepsi)
Pembukaan Acara
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Kula nuwun, para pinisepuh, sesepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi. Para pangemban pangembating praja satriyaning nagari ingkang minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.
Saha para rawuh kakung sumawana putri, sanak kadang, tangga tepalih ingkang winantu ing suka basuki.
Langkung rumiyin, sumangga kita tansah ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung. Awit saking rahmat lan hidayahipun, kita sedaya saged makempal wonten ing sasana pawiwahan punika, saperlu nyekseni saha paring donga pangestu dhumateng dhaupipun Nakmas (Nama Mempelai Pria) kaliyan Nakajeng (Nama Mempelai Wanita).
Sholawat saha salam mugi tansah katur dhumateng Nabi Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun.
Akad Nikah (Ijab Qobul)
(Masuk ke acara inti pertama)
Para rawuh ingkang kinurmatan, tumapak ing adicara ingkang baku lan wigati, inggih punika adicara Ijab Qobul utawi Akad Nikah.
Upacara suci punika badhe dipun pimpin dening Bapak Petugas Pencatat Nikah (Penghulu) saking KUA Kecamatan (Sebutkan Kecamatan), saha dipun sekseni dening para saksi ingkang sampun tinanggenah.
Dhumateng Bapak Penghulu, Bapak Wali Nikah, saha Calon Temanten Kekalih, wekdal saha papan kula sumanggakaken.
(Prosesi Akad Nikah Berlangsung)
(Setelah selesai dan dinyatakan sah)
Alhamdulillahirobbil ‘alamiin. Sampun kalampahan kanthi lancar adicara Ijab Qobul. Saniki, Nakmas (Nama Pria) lan Nakajeng (Nama Wanita) sampun sah dados garwa (suami-istri) miturut agami lan nagari. Mugi-mugi dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, warahmah.
Resepsi
(Transisi menuju acara resepsi atau perayaan)
Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, paripurna adicara akad nikah, sumangga kita lajengaken kaliyan adicara Pahargyan utawi Resepsi.
Sekedhap malih, kita badhe nyekseni rawuhipun Temanten Putri miwah Temanten Kakung ingkang badhe lumebet ing sasana pahargyan (Pelaminan).
(Saat pengantin masuk)
Binarung swaraning gending (nama Gending), katingal gagah prakosa Sang Bagus (Nama Pria) menggandeng ingkang garwa Sang Dyah Ayu (Nama Wanita). Kekalihnya kadosdene Raja lan Ratu sadinten, ingkang sumringah cahyanipun, ngebaki rasa bagya mulya.
Sambutan Tuan Rumah
Sasampunipun temanten kekalih lenggah ing dampar kencana, adicara salajengipun inggih punika Atur Pambagyaharja saking kulawarga ingkang hamengku gati.
Dhumateng Bapak (Sebutkan Nama Wakil Tuan Rumah) ingkang kapiji minangka wakil saking Bapak (Nama Tuan Rumah), wekdal kula aturaken.
(Setelah sambutan)
Matur nuwun dhumateng Bapak (Nama) ingkang sampun ngaturaken pambagyaharja.
Penutup Acara Pernikahan
Para tamu undangan ingkang bagya mulya, mboten keraos adicara demi adicara sampun kita lampahi kanthi rancag lan wilujeng.
Kula minangka Pranatacara, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, salah bawa, utawi tata krama ingkang kirang nuju prana ing penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun agunging pangaksama.
Mugi-mugi temanten kekalih saged nglaksanani gesang bebrayan kanthi bagya mulya. Sumangga kita tutup adicara punika kanthi waosan Hamdalah sesarengan.
Alhamdulillahirobbil ‘alamiin. Nuwun, matur nuwun. Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Adapun naskah tersebut dibagi menjadi beberapa fase agar memudahkan Anda dalam memandu perpindahan acara Akan tetapi, perlu diingat bahwa teks di atas hanyalah contoh, sehingga Anda perlu menyesuaikannya kembali.
Hal yang Perlu Diperhatikan
Sebagai Pranatacara yang baik, Anda juga perlu memperhatikan beberapa hal, misalnya adalah sebagai berikut.
- Nama & Gelar: Pastikan nama atau gelar mempelai, orang tua, dan pejabat (penghulu) diucapkan dengan benar.
- Runtutan Adat: Jika ada prosesi tambahan silahkan sesuaikan dengan rangkaian acara yang sudah ditentukan.
- Intonasi: Gunakan nada bicara yang rendah, tenang, dan berwibawa.
Selain itu, disarankan pula supaya tidak terlalu lama melihat teks supaya pembawaan Anda terkesan natural.
Nah, itulah tadi teks MC Bahasa Jawa acara pernikahan yang bisa Anda jadikan referensi.***