
KabarJawa.com – Dalam perayaan ulang tahun, kehadiran seorang pembawa acara alias MC sering kali menjadi kunci agar suasana menjadi hidup dan meriah.
Namun, ada tantangan tersendiri bagi sang MC. Terutama ketika acara tersebut menuntut penggunaan Bahasa Jawa. Bagi sebagian orang, merangkai kata-kata dalam Bahasa Jawa yang pas dan sopan, apalagi harus berbicara di depan banyak orang, bisa terasa sangat sulit dan membuatnya gugup.
Dan jika Anda baru saja diminta secara mendadak oleh kerabat atau tetangga untuk menjadi MC acara ulang tahun menggunakan Bahasa Jawa, maka sebenarnya Anda tak perlu panik lagi.
Berikut KabarJawa.com sajikan contoh teks MC Bahasa Jawa acara ulang tahun yang singkat, padat, dan tentunya mudah dihafal.
Contoh Teks MC Bahasa Jawa untuk Acara Ulang Tahun
Salam Pembuka & Mukadimah
“Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. Sugeng (Sonten/Dalu), salam sejahtera kagem kita sedaya.
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu (Nama Tuan Rumah/Orang Tua), serta para tamu undangan ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin, sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT, awit saking rahmatipun kita saged kempal wonten ing papan menika kanthi sehat wal afiat.
Wonten ing kalodhangan menika, kita sedaya kempal saperlu ndherek mangayubagya (merayakan) ulang tahunipun sedherek/adik/anak kita, (Nama Yang Ulang Tahun), ingkang kaping (Sebutkan Usia keberapa).”
Membacakan Susunan Acara
“Para rawuh ingkang kinurmatan, keparenga kula minangka pranatacara, badhe maosaken rantamaning adicara ing (Sonten/Dalu) punika:
- Ingkang sepindah, Pambuka.
- Kaping kalih, Donga sesarengan lan potong kue.
- Kaping tiga, Hiburan lan Games (dolanan).
- Kaping sekawan, Dahar kembul (makan bersama).
- Lan ingkang pungkasan, Panutup.”
Memasuki Acara Inti (Doa & Potong Kue)
“Bapak, Ibu, lan kanca-kanca sedaya, Kangge miwiti acara, sumangga kita buka kanthi waosan Basmalah sesarengan… Bismillahirrohmanirrohim.
Salajengipun, acara ingkang kita tengga-tengga, inggih menika donga syukuran lan potong kue. Dhumateng Bapak/Ibu (Nama Pemimpin Doa), kula sumanggakaken kangge mimpin donga. Saha dhumateng (Nama Yang Ulang Tahun), kasumanggakaken majeng wonten ngarsa.”
(Setelah prosesi tiup lilin dan potong kue selesai)
“Matur nuwun. Mugi-mugi kanthi tambahing yuswa, (Nama Yang Ulang Tahun) tansah pinaringan kesehatan, panjang umur, lan dados putra/putri ingkang bekti dhumateng tiyang sepah.”
Sesi Hiburan (Opsional)
“Acara saklajengipun inggih menika hiburan! Kagem kanca-kanca ingkang badhe nyumbang lagu utawi ndherek games seru, sumangga saged majeng mriki. Kita damel acara menika langkung meriah!”
(MC memandu jalannya games atau hiburan sejenak)
Sesi Ramah Tamah
“Para rawuh sedaya, saderengipun kita tutup, sumangga para tamu katuran tumuju meja hidangan ingkang sampun disiapaken dening keluarga. Sumangga, katuran dhahar lan ngunjuk kanthi mardikaning penggalih.”
Penutup (Diucapkan setelah Sesi Ramah Tamah atau Saat Tamu Mulai Berpamitan)
“Bapak, Ibu, lan kanca-kanca sedaya. Boten krasa kita sampun dumugi pungkasaning acara. Kula minangka pranatacara, nyuwun agunging pangapunten menawi wonten klenta-klentunipun atur utawi tindak-tanduk ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya.
Matur nuwun atas rawuhipun. Sugeng kondur, mugi-mugi slamet dumugi dalem piyambak-piyambak.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.”
Perlu diingat bahwa teks di atas hanyalah contoh, sehingga Anda perlu menyesuaikannya kembali.
Nah, demikain tadi teks MC dalam Bahasa Jawa yang mudah dihafal dan bisa Anda jadikan referensi untuk acara ulang tahun. Semoga bermanfaat.***