
KabarJawa.com – Dalam ajang perlombaan, pidato Bahasa Jawa atau Sesorah sering kali menjadi kategori yang menantang.
Selain harus fasih melafalkan unggah-ungguh basa, peserta juga dituntut untuk menyampaikan isi pidato yang bobotnya “daging” semua, alias bermakna.
Apalagi jika tema yang diangkat adalah “Menjaga Kebersihan”. Tema ini terdengar klise, namun jika dikemas dengan sudut pandang yang berbeda, misal kesadaran diri, maka nilainya bisa jauh lebih tinggi di mata juri.
Dan bagi Anda yang kebetulan ditunjuk mewakili sekolah, berikut KabarJawa.com teks sesorah yang bisa Anda jadikan referensi.
Contoh Teks Sesorah Bahasa Jawa Tema “Menjaga Kebersihan”
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. Sugeng enjang saha salam karaharjan kagem kita sedaya.
Dhumateng para Dewan Juri ingkang dahat kinurmatan.
Bapak/Ibu Guru pendamping ingkang kula bekteni.
Serta para kanca peserta lomba ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin, sumangga kita ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.
Awit saking rahmat lan hidayah-Ipun, kita sedaya taksih dipun paringi kwarasan saha kalodhangan, saengga saged makempal wonten ing adicara lomba menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Para hadirin ingkang minulya, Wonten ing kalodhangan menika, keparenga kula matur babagan “Pentingipun Njagi Kebersihan Lingkungan Wiwit Saking Dhiri Pribadi”.
Asring kita mireng ukara “Kebersihan menika perangan saking iman”. Nanging, pitakenanipun, punapa kita sampun saestu ngamalaken ukara menika?
Njagi kebersihan menika sejatosipun boten namung prakawis nyapu latar utawi mbuwang sampah ing panggenanipun. Langkung saking menika, kebersihan menika wujud saking pakerti lan “mindset” utawi pola pikir kita piyambak.
Para kanca ingkang kula tresnani, Sampah ingkang kitaasilaken, menika tanggung jawab kita piyambak. Ampun ngantos kita gadhah pemanggih bilih “Ah, mangke rak wonten petugas kebersihan”. Menika pemanggih ingkang klintu.
Wiwit dinten menika, sumangga kita tanemaken rasa isin. Isin menawi kita ninggalaken sampah tilas dhaharan utawi unjukan ing panggenan umum.
Isin menawi kita dados tiyang ingkang ngregedi lingkungan. Menawi kita boten nemu tong sampah, mangga sampah menika dipun kanthongi rumiyin utawi dipun beta wangsul. Ampun ngantos kita “nyampah” ing panggenanipun tiyang sanes.
Pramila, kanca-kanca saking SMP/SMA…. (Sebutkan nama sekolah/daerah), Sumangga kita dados generasi ingkang sadar lingkungan. Mangga kita wiwiti saking perkawis alit, saking dhiri pribadi, lan saking wekdal menika.
Menawi raga kita resik, lingkungan kita resik, insya Allah jiwa lan pikiran kita ugi badhe tumut resik. Mula, ayo njaga bumi pertiwi supaya tetep asri.
Cekap semanten atur kula. Mugi-mugi sesorah singkat menika saged mbeta manfaat kagem kita sedaya.
Mbok bilih wonten klinta-klintunipun atur, saha tindak-tanduk ingkang kirang nuju prana, kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Nuwun, matur nuwun. Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Perlu diingat bahwa teks di atas hanyalah contoh, sehingga Anda perlu menyesuaikannya kembali. Selain itu, ada pula beberapa tips supaya peluang Anda menang semakin tinggi.
Cara agar Menang Lomba Sesorah
Berikut adalah berapa hal yang perlu Anda perhatikan supaya berpeluang memenangkan lomba pidato Bahasa Jawa.
Ekspresi Wajah
Sesuaikan ekspresi dengan isi pidato. Saat bagian “Pangajak” (ajakan), gunakan tatapan mata yang meyakinkan ke arah juri dan audiens.
Intonasi
Kemudian, pastikan pula jangan datar. Tekankan suara pada kata-kata kunci seperti “Tanggung jawab”, “Isin”, dan “Resik”.
Gestur
Selain itu, gunakan gerakan tangan seperlunya untuk menegaskan kalimat, jangan hanya berdiri kaku, tapi juga jangan terlalu banyak gerak (overacting).
Nah, itulah tadi teks pidato Bahasa Jawa tema ‘Menjaga Kebersihan’ yang bisa Anda jadikan contoh lengkap dengan beberapa tips penting mengenainya.***