
KabarJawa.com – Menjadi pemandu acara dalam pernikahan adat Jawa atau Islam (Walimatul Ursy) memerlukan ketenangan dan penggunaan tata bahasa yang sopan alias unggah-ungguh.
Dan jika Anda kebetulan bertugas menjadi pranatacara kegiatan tersebut, maka Anda tak perlu bingung lagi.
Beriku KabarJawa.com sajikan teks MC Bahasa Jawa untuk acara Walimatul Ursy yang lengkap, singkat dan bisa Anda jadikan referensi.
Contoh Teks Pranatacara Walimatul Ursy Singkat
Pembukaan
“Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Dhumateng para Alim Ulama, para Kiai, saha para Ustaz ingkang tansah kula ta’ati.
Dhumateng para sesepuh, pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan.
Dhumateng bapak-bapak, ibu-ibu, saha para rawuh sedaya ingkang bagya mulya.
Puji Syukur Langkung rumiyin, sumangga kita tansah ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT.
Awit saking rahmat lan hidayah-Ipun, kita sedaya saged makempal wonten ing majelis punika, saperlu ndherek mangayubagya acara Walimatul Ursy dhaupipun Mas (Nama Pengantin Pria) kaliyan Mbak (Nama Pengantin Wanita), kanthi kawontenan sehat walafiat.
Sholawat saha salam, mugi tansah konjuk dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun benjang ing yaumul qiyamah.
Maosaken Reroncening Adicara (Membaca Susunan Acara) Para rawuh ingkang kinurmatan, keparenga kula minangka pranatacara, badhe maosaken menggah reroncening adicara ingkang badhe lumampah:
- Adicara angka sepindah, Pambuka.
- Adicara angka kalih, Waosan Ayat Suci Al-Qur’an.
- Adicara angka tiga, Atur Pambagyaharja (Sambutan Tuan Rumah).
- Adicara angka sekawan, Mauidhoh Hasanah (Hikmah Pernikahan).
- Adicara angka gangsal, Doa Penutup.“
Pelaksanaan
“Adicara 1
Pambuka Bapak Ibu ingkang minulya, kangge miwiti adicara punika, sumangga kita buka kanthi waosan Basmalah sesarengan.
(Bismillahirrahmanirrahim)
Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan menika, acara saged lumampah kanthi lancar.
Adicara 2
Waosan Al-Qur’an Lumampah dhumateng adicara ingkang angka kalih, inggih menika waosan Ayat Suci Al-Qur’an ingkang badhe dipun sarirani dening Bapak/Sadherek (Nama Petugas). Dhumateng panjenenganipun, wekdal saha papan kula sumanggakaken.
(Setelah selesai membaca)
Matur nuwun dhumateng Bapak/Sadherek (Nama Petugas). Mugi-mugi amal kesaenanipun katampi dening Allah SWT.
Adicara 3
Atur Pambagyaharja (Sambutan Tuan Rumah) Adicara ingkang angka tiga, inggih menika Atur Pambagyaharja saking kulawarga (Tuan Rumah).
Ingkang badhe dipun wakili dening Bapak (Nama Wakil Tuan Rumah). Dhumateng panjenenganipun, wekdal saha papan kula sumanggakaken.
(Setelah sambutan selesai) Matur nuwun dhumateng Bapak (Nama Wakil) ingkang sampun kepareng paring atur pambagyaharja.
Adicara 4
Mauidhoh Hasanah (Inti/Ceramah) Para rawuh ingkang kinurmatan, dumugi saatipun adicara inti, inggih menika Mauidhoh Hasanah utawi ular-ular hikmah pernikahan.
Ingkang badhe dipun wedharaken dening Bapak Kiai/Ustaz (Nama Penceramah). Dhumateng Bapak Kiai, wekdal saha papan kula aturaken.
(Setelah ceramah selesai)
Matur nuwun dhumateng Bapak Kiai (Nama Penceramah) atas ilmu lan nasehatipun. Mugi-mugi saged dados sangu tumrap panganten kekalih anggenipun mbangun bale wisma.”
Penutup
“Para rawuh ingkang bagya mulya, adicara demi adicara sampun kita lampahi sesarengan. Sakderengipun adicara kita pungkasi kanthi doa, kula minangka pranatacara, nyuwun agunging sih samudra pangaksami mbok bilih wonten klinta-klintunipun atur lan solah bawa.
Minangka panutuping acara, sumangga kita pungkasi kanthi doa sesarengan ingkang badhe dipun pimpin dening Bapak (Nama Petugas Doa). Saking kula cekap semanten. Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Dhumateng Bapak (Nama Petugas Doa), kula sumanggakaken.”
Perlu diingat bahwa naskah di atas hanyalah referensi semata. Sehingga, Anda perlu menyesuaikannya kembali.
Nah, itulah tadi teks MC acara Walimatul Ursy dalam Bahasa Jawa yang bisa Anda jadikan contoh. Semoga bermanfaat.***