
KABAR JAWA – Simak berikut berbagai contoh artikel preskriptif dalam bahasa Jawa yang singkat tapi tetap lengkap dan menarik.
Adapun artikel preskriptif adalah jenis tulisan yang bertujuan memberi saran, anjuran, atau panduan kepada pembaca.
Singkatnya, artikel preskriptif biasanya berupa langkah-langkah, tutorial, atau petunjuk yang bisa langsung dipraktikkan.
Dan dalam mata pelajaran Bahasa Jawa, tak jarang murid akan diminta untuk membuat artikel semacam ini.
Nah, bagi Anda yang merasa kesulitan menulisnya, di bawah ini KabarJawa.com sajikan contoh lengkapnya.
Artikel Preskriptif Bahasa Jawa Singkat, Lengkap & Menarik
Contoh 1: Cara Tuku Tiket Bioskop Online nganggo HP
Nonton film neng bioskop saiki luwih gampang, amarga tiketé bisa dituku liwat online. Kene ana langkah-langkahé:
Langkah-langkah:
- Download aplikasi tiket bioskop Contoné kaya TIX ID, CGV, utawa XXI. Bukak Play Store utawa App Store terus instal aplikasié.
- Daftar utawa mlebu akun Yen durung nduwé akun, kudu ndhaptar dhisik nganggo nomer HP utawa email.
- Pilih bioskop lan film Golek film sing arep ditonton. Pilih lokasi bioskop lan jadwal tayangé.
- Pilih kursi Biasané peta kursi bakal muncul. Pilih kursi sing isih kosong lan sesuai karepmu.
- Bayar tiket Gunakna metode pembayaran kaya OVO, GoPay, kartu debit/kredit, utawa QRIS.
- Tampa e-ticket Sawisé bayar, tiketmu bakal muncul neng aplikasi utawa dikirim liwat email. E-ticket iki bisa langsung ditunjukké neng petugas bioskop.
Dadi yen pengin nonton film anyar kaya KKN di Desa Penari 2, tinggal buka aplikasi, pilih jadwal, pilih kursi, lan bayar. Gampang, to?
Contoh 2: Cara Ngusir Nyamuk saka Omah nganggo Cara Alami
Nyamuk sering ganggu, apamaning wektu bengi. Nanging, kowe isa ngusir nyamuk nganggo cara alami tanpa obat kimia.
Langkah-langkah:
- Tutup genangan banyu Genangan banyu kuwi omahé jentik nyamuk. Tutup ember, got, lan tempat banyu liyane.
- Pasang kelambu Gunakna kelambu neng kasur ben ora digigit nyamuk wektu turu.
- Gunakna sereh wangi Sereh wangi isa ditandur neng pot utawa digawe minyak esensial. Ambuné ora disenengi nyamuk.
- Bakar kulit jeruk Kulit jeruk sing wis garing isa digodhog utawa dibakar. Ambuné isa ngusir nyamuk.
- Pasang jebakan alami Campuran banyu gula lan ragi isa ditaruh neng botol kanggo narik nyamuk mlebu jebakan.
Intine, sakdurungé turu, nyebar minyak sereh neng kamar lan nutup jendela, dijamin turumu luwih tentrem.
Contoh 3: Cara Masak Nasi Goreng Magelangan
Magelangan kuwi jeneng panganan khas Jawa Tengah sing isiné campuran nasi goreng lan bakmi. Rasane gurih, ngenyangke lan cara gawene gampang.
Bahan-bahan:
- Nasi putih sak piring
- Bakmi godhog sing wis direbus
- Bawang putih lan bawang merah (diriis alus)
- Kecap manis
- Saus tiram (opsional)
- Sayur kol utawa sawi
- Telur loro
- Garam, merica lan penyedap rasa secukupé
Langkah-langkah:
- Goreng telur Pecah telur loro, goreng neng wajan nganti mateng, terus disisihké.
- Tumis bumbu Tumis irisan bawang putih lan bawang merah nganti wangi.
- Lebokné sayuran Tambahaké kol utawa sawi, aduk nganti setengah layu.
- Campur nasi lan bakmi Lebokké nasi putih lan bakmi sing wis direbus. Aduk rata.
- Tambahaké telur lan bumbu Campur telur sing wis digoreng, terus tambah kecap, garam, merica, lan penyedap rasa. Aduk nganti rata lan mateng.
- Sajikna Angkat lan sajikna selagi panas. Bisa ditambah krupuk utawa acar ben luwih sedep.
Yen ana sisa nasi lan bakmi ning omah, tinimbang mubadzir, digawe Magelangan wae. Praktis lan enak!
Perlu diingat, artikel di atas hanyalah contoh, sehingga Anda harus menyesuaikannya kembali.
Nah, itu tadi beberapa artikel preskriptif Bahasa Jawa yang bisa Anda contoh.***