
KabarJawa.com – Pranatacara atau MC memegang peranan yang cukup vital dalam kesuksesan sebuah hajatan, termasuk dalam acara tasyakuran khitanan atau sering disebut supitan.
Tantangan tersendiri akan muncul jika MC dituntut untuk memandu acara menggunakan Bahasa Jawa halus. Bagi sebagian orang, merangkai kata-kata Krama Inggil di depan orang banyak bisa membuat gugup.
Namun, jika Anda kebetulan ditugaskan menjadi pranatacara untuk acara khitanan, Anda tidak perlu bingung lagi. Berikut KabarJawa.com sajikan referensi teks MC Bahasa Jawa lengkap, mulai dari pembukaan hingga penutupan acara.
Contoh Teks MC Bahasa Jawa Acara Khitanan
Pembukaan
“Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Alhamdulillahi rabbil ‘alamin. Washolatu wassalamu ‘ala asrofil ambiya’i wal mursalin, Sayyidina Muhammadin, wa ‘ala alihi washohbihi ajma’in. Amma ba’du.
Ingkang kinurmatan, para alim ulama, para kiai, saha para sesepuh pinisepuh ingkang tansah kula bekteni. Ingkang kinurmatan Bapak (Sebutkan Nama Tuan Rumah) sekalian garwa, minangka ingkang hamengku gati. Saha para tamu undangan kakung sumawana putri ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin, sumangga kita tansah ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT. Awit saking rahmat lan hidayahipun, kita sedaya saged makempal wonten ing dalemipun Bapak (Nama Tuan Rumah) kanthi wilujeng, mboten wonten alangan setunggal menapa, wonten ing adicara Walimatul Khitan putranipun ingkang asma (Nama Anak).
Para rawuh ingkang kinurmatan, keparenga kula minangka pranatacara, badhe maosaken rantamaning adicara ingkang badhe lumampah ing wekdal punika:
- Adicara ingkang sepisan, pambuka.
- Kaping kalih, waosan ayat suci Al-Qur’an.
- Kaping tiga, atur pambagyaharja saking kulawarga (Sambutan Tuan Rumah).
- Kaping sekawan, inti pengajian utawi mauidhoh hasanah lan doa khitan.
- Adicara ingkang pungkasan, panutup lan ramah tamah.
Mungguh kangge nyigeg wekdal, sumangga adicara menika kita buka sesarengan kanthi waosan Basmalah. Bismillahirrahmanirrahim. Mugi-mugi acara saged lumampah kanthi lancar lan pikantuk ridhonipun Gusti Allah.”
Pembacaan Ayat Suci Al-Qur’an
“Tumapak ing adicara ingkang angka kalih, inggih menika waosan ayat suci Al-Qur’an ingkang badhe kasarira dening sedherek (Sebutkan Nama Pembaca). Dhumateng sedherek (Nama), wekdal saha papan kula sumanggakaken.”
(Setelah selesai)
“Matur nuwun dhumateng sedherek (Nama). Mugi-mugi waosan kala wau saged nambah iman lan taqwa kita sedaya, amin.”
Sambutan Tuan Rumah
“Adicara salajengipun inggih menika atur pambagyaharja saking kulawarga ingkang hamengku gati, ingkang badhe dipun slirani dening Bapak (Sebutkan Nama Wakil Keluarga). Dhumateng Bapak (Nama), sumangga.”
(Setelah sambutan selesai)
“Matur nuwun dhumateng Bapak (Nama) ingkang sampun paring sambutan.”
Acara Inti (Pengajian & Doa)
“Para rawuh ingkang dimuliakaken Allah. Dumugi titi wanci ingkang kita tengga-tengga, inggih menika adicara inti, mauidhoh hasanah utawi pengajian, sekaligus doa kagem anak mas (Nama Anak) ingkang nembe dipun khitan. Adicara menika badhe dipun wedharaken dening Bapak Kiai (Sebutkan Nama Kiai). Dhumateng Bapak Kiai, wekdal saha papan kula sumanggakaken.”
(Setelah pengajian selesai)
“Matur nuwun dhumateng Bapak Kiai (Nama) ingkang sampun paring ilmu saha doa. Mugi-mugi anak mas (Nama Anak) dados putra ingkang sholeh, bekti dhateng tiyang sepuh, lan migunani tumrap agama, nusa, lan bangsa.”
Penutup
“Bapak-Ibu para rawuh ingkang kinurmatan, adicara demi adicara sampun kita lampahi kanthi rancag. Kula minangka pranatacara, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur, basa ingkang kirang trapsila, utawi tindak tanduk ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Sumangga acara menika kita tutup kanthi waosan Hamdalah sesarengan. Alhamdulillahi rabbil ‘alamin.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Katur dhumateng para tamu undangan, dipun aturi ngrahabi pasugatan ingkang sampun samekta.”
Sesuaikan dengan Kebutuhan
Perlu diingat bahwa naskah di atas adalah contoh. Sehingga, Anda disarankan untuk menyesuaikannya kembali.
Kemudian, jangan lupa pula untuk mencatat nama-nama penting seperti nama tuan rumah, nama anak yang dikhitan, nama pembaca Al-Qur’an, dan nama penceramah agar tidak salah sebut saat di panggung.
Nah, itulah tadi referensi teks MC Bahasa Jawa untuk acara khitanan. Semoga bermanfaat.***