
KabarJawa.com – Berbicara di depan umum, apalagi menggunakan Bahasa Jawa Krama, sering kali menjadi tantangan tersendiri bagi sebagian orang. Ada rasa takut salah ucap atau khawatir dianggap kurang sopan.
Padahal, dalam berbagai acara resmi, baik itu di tingkat RT, desa, maupun organisasi kemasyarakatan, peran Ketua Panitia sangatlah vital. Sambutan ketua panitia adalah pembuka gerbang dimulainya sebuah acara.
Apabila Anda saat ini didapuk menjadi Ketua Panitia dan merasa gugup, maka Anda sebenarnya tak perlu khawatir lagi.
Kunci dari pidato Bahasa Jawa yang baik bukanlah pada panjangnya durasi, melainkan pada ketepatan pemilihan kata yang rendah hati.
Untuk itu, berikut KabarJawa.com sajikan contoh teks pidato sambutan yang singkat, padat, namun tetap menjunjung tinggi kesopanan.
Contoh Teks Pidato Ketua Panitia Bahasa Jawa untuk Berbagai Acara
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Ingkang kinurmatan, Bapak Dukuh/Ketua RW/RT (sebutkan nama pejabat setempat). Ingkang kula bekteni, para sesepuh, pinisepuh, saha tokoh masyarakat. Sarta Bapak, Ibu, lan sadherek sedaya ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin, sumangga kita tansah ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.
Awit saking rahmat lan hidayahipun, kita sedaya saged makempal wonten ing sasana punika kanthi wilujeng, mboten kirang satunggal menapa, kangge ngadani acara (Sebutkan Nama Acara).
Bapak Ibu ingkang kinurmatan, Kula minangka wakil saking kanca-kanca panitia, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal kangge rawuh ing acara punika.
Mboten kesupen, kula ugi ngaturaken matur nuwun dhumateng sadaya warga lan donatur ingkang sampun paring pambiyantu, wujud ingkang awujud materi, tenaga, menapa dene penggalihan. Mugi-mugi, sadaya amal sae panjenengan pikantuk piwales ingkang langkung kathah saking Gusti Allah.
Salajengipun, kula nyuwun pangapunten menawi anggen kami nyawisaken papan palenggahan, pasugatan, saha, ubarampé acara punika wonten ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya. Kula sakanca panitia nyuwun agunging pangaksama.
Kula kinten cekap semanten atur kula. Mugi-mugi acara ing wekdal punika saged kalampahan kanthi lancar saking purwa, madya, dumugi wasana.
Menawi wonten klenta-klentuning atur utawi tata krama ingkang kirang nuju prana, kula nyuwun lubering samudra pangaksama.
Nuwun, matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Hal yang Perlu Diperhatikan
Supaya Anda lebih mudah dalam menyampaikannya, berikut adalah inti-intinya:
- Pembukaan: Menghormati tokoh masyarakat dan orang tua yang hadir.
- Syukur: Mengajak hadirin bersyukur bisa berkumpul dalam keadaan sehat.
- Terima Kasih: Berterima kasih atas kehadiran tamu dan bantuan para donatur/warga yang telah menyumbang tenaga maupun dana.
- Permohonan Maaf: Meminta maaf jika tempat duduk, hidangan, atau penyambutan kurang memuaskan.
- Penutup: Harapan agar acara lancar dan permohonan maaf jika ada salah kata dalam berpidato
Selain itu, perlu diingat bahwa teks di atas hanyalah contoh, sehingga Anda perlu meyesuaikannya kembali.
Demikianlah tadi naskah pidato Ketua Panitia dalam Bahasa Jawa yang bisa Anda jadikan inspirasi untuk berbagai maacam acara resmi. Semoga bermanfaat.***