
KabarJawa.com – Dalam berbagai acara peringatan Hari Besar Nasional, sambutan dalam Bahasa Jawa atau Sesorah sering kali menjadi agenda wajib, terutama di wilayah Jawa Tengah, DIY, dan Jawa Timur.
Hal ini dilakukan untuk melestarikan budaya sekaligus menghormati para sesepuh yang hadir. Bagi Anda yang kebetulan ditunjuk untuk mengisi pidato namun terkendala waktu untuk menyusun naskah, maka sebenarnya Anda tak perlu bingung lagi.
Berikut KabarJawa.com, berikut sajikan template naskah sesorah Bahasa Jawa yang bisa Anda sesuaikan untuk berbagai acara seperti HUT RI, Hari Pahlawan, Sumpah Pemuda, Hardiknas, dan lain sebagainya.
Template Naskah Sesorah Hari Besar Nasional untuk Berbagai Acara
“Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. Sugeng enjang/siyang/dalu, Salam kasugengan saha karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sedaya.
Ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu (Sebutkan Jabatan Tertinggi, misal, Kepala Desa/Kepala Sekolah), Bapak (Sebutkan Nama).
Ingkang kula hormati, para sesepuh, pinisepuh, saha tokoh masyarakat ingkang tuhu kinabekten.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para kanca/warga (Sebutkan Nama Instansi/Desa) ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin, sumangga kita ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.
Awit saking rahmat lan hidayah-Ipun, kita sedaya taksih dipun paringi kwarasan saha kalodhangan, saengga saged makempal manunggal wonten ing papan menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Salajengipun, shalawat saha salam mugi tansah konjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun wonten ing yaumul qiyamah mangke.
Para rawuh ingkang kinurmatan, Wonten ing kalodhangan ingkang luhur menika, kita makempal saperlu mangayubagya pengetan (Sebutkan nama hari besar, misalnya Dinten Kamardikan RI / Dinten Pahlawan).
Kados ingkang sampun kita mangertosi, dinten menika gadah makna ingkang ageng tumrap bangsa kita. (Jelaskan singkat makna acara).
(Pilihan Kalimat Isi – Pilih Salah Satu sesuai Acara):
- (Untuk HUT RI/Kemerdekaan):
- Momen menika dados pamanut kagem kita sedaya supados tansah ngelajengaken perjuanganipun para pahlawan kanthi cara njagi persatuan lan kesatuan, sarta mbangun negari kanthi prestasi.
- (Untuk Hari Pendidikan/Hardiknas):
- Pendidikan menika cagak utaming bangsa. Sumangga kita dadian momen menika kangge ningkataken semangat sinau lan ngudi ilmu kagem masa depan ingkang langkung cerah.
- (Untuk Hari Pahlawan/Sumpah Pemuda):
- Semangat para pahlawan/pemuda ingkang sampun ngrintis kamardikan kedah kita warisi. Ampun ngantos luntur dening jaman, nanging kedah saya kiyat ing manah kita sedaya.
Pramila, sumangga kita jadikan momentum (Sebutkan nama acara) menika minangka sarana kangge ngraketaken tali paseduluran lan ningkataken semangat gotong royong mbangun lingkungan kita.
Para Bapak, Ibu, saha sedherek sedaya, Cekap semanten atur kula. Mugi-mugi acara ing dinten menika saged mbeta berkah lan manfaat kagem kita sedaya.
Mbok bilih wonten klinta-klintunipun atur, saha kirang trapsila anggen kula matur, kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Nuwun, matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.”
Perlu diingat bahwa teks di atas hanyalah contoh, sehingga Anda perlu menyesuaikannya kembali. Selain itu, ada pula beberapa hal yang harus Anda perhatikan saat menyampaikannya ke publik.
Hal yang Perlu Diperhatikan Saat Membawakan Sesorah
Berikut adalah beberapa poin penting yang perlu Anda perhatikan saat membacakan pidato tersebut.
- Intonasi: Gunakan nada bicara yang rendah dan tenang (sareh) untuk menunjukkan kewibawaan.
- Unggah-Ungguh: Pastikan menyapa tamu yang paling tua atau jabatannya paling tinggi terlebih dahulu pada bagian Atur Pakurmatan.
- Gestur: Hindari terlalu banyak gerakan tangan. Berdiri tegak dan sesekali mengangguk kecil sebagai tanda hormat.
Nah, itulah tadi template teks pidato sesorah Bahasa Jawa yang bisa Anda edit dan sesuaikan untuk acara yang Anda hadiri.***