
KabarJawa.com – MC atau Pranatacara memegang peranan vital dalam memandu jalannya upacara adat Jawa, termasuk Tingkeban. Acara ini sarat akan ritual simbolis yang urutannya tidak boleh terbalik.
Bagi Anda yang ditunjuk sebagai pemandu acara, berikut KabarJawa.com sajikan referensi teks MC Tingkeban yang praktis dan mudah dipelajari.
Contoh Teks Pranatacara Singkat Acara Tingkeban 7 Bulan
Pembukaan
“Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. Kasugengan, rahmat, saha berkahipun Gusti Ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sedaya.
Ingkang kinurmatan, para sesepuh, pinisepuh, saha aji sepuh ingkang tuhu kinabekten.
Ingkang kula hormati Bapak (Nama Tuan Rumah) saha Ibu (Nama Tuan Rumah) minangka ingkang hamengku gati.
Sarta para tamu undangan, bapak-bapak, ibu-ibu ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin, sumangga kita ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT. Karana sih wilasa-Nipun, kita saged makempal wonten ing acara Tingkeban/Mitoni kandhutanipun Ibu (Nama Calon Ibu) ingkang sampun ngancik yuswa 7 wulan, kanthi kawontenan sehat walafiat.
Para rawuh ingkang kinurmatan, Keparenga kula maosaken reroncening adicara tingkeban ingkang badhe kalampah ing dinten menika:
- Pambuka.
- Sungkeman.
- Upacara Inti (Siraman & Gantos Busana).
- Brojolan & Angrem.
- Dodol Dawet.
- Dahar Kembul & Doa Penutup.
Bapak/Ibu ingkang minulya, Minangka pambukaning acara, sumangga kita bikak sesarengan kanthi waosan Basmalah, mugi-mugi acara saged lancar. (Bismillahirrohmanirrohim)”
Sungkeman
“Acara candhakipun inggih menika Sungkeman. Dhumateng calon bapak saha calon ibu, Bapak (Nama Suami) lan Ibu (Nama Istri), kula sumanggakaken nyuwun pangestu dhumateng tiyang sepuh.
(Prosesi Sungkeman berlangsung diiringi gending/sholawat pelan…)
Mugi-mugi kanthi pangestunipun tiyang sepuh, jabang bayi lan ibunipun tansah pinaringan slamet.”
Siraman
“Adicara salajengipun inggih menika Siraman. Menika pralambang sesuci lair lan batin. Dhumateng para sesepuh (Eyang Putri/Ibu-ibu Sepuh) ingkang sampun tinunjuk, kasumanggakaken paring siraman dhumateng calon ibu. Dipun wiwiti saking Eyang Putri, lajeng para ibu sanesipun.
(Prosesi Siraman berlangsung…)
Matur nuwun dhumateng para sesepuh. Pungkasane siraman badhe dipun akhiri dening ingkang garwa (Suami) minangka wujud tresna lan tanggung jawab.”
Gantos Busana & Mecah Pamor
“Hadirin ingkang bagya mulya, Salajengipun inggih menika gantos busana ngantos kaping pitu. (MC memandu saat calon ibu berganti kain jarik 1 sampai 6) Pripun Bu, Dereng pantes nggih?
(Audiens menjawab: Dereng) Nah, ingkang kaping pitu menika kain lurik, Pantes nggih Bu? (Audiens: Pantes)
Salajengipun, adicara mecah pamor/kendhi dening calon bapak. (Suami memecahkan kendi) Byar… wujudipun banyu suci, mugi dados pepadhang kagem jabang bayi.”
Brojolan
“Acara inti salajengipun inggih menika Brojolan utawi nglebokaken tigan/cengkir gading.
(Calon bapak memasukkan cengkir gading melalui kain ibu)
Mugi-mugi proses babaran mangke saged lancar, “mbrojol” kanthi gampil, slamet ibu lan bayinipun.”
Dodol Dawet & Rujak
“Para tamu undangan, Sakmenika calon eyang putri badhe sadean dhawet lan rujak.
Mangga para tamu saged “tumbas” ngginakaken kreweng (pecahan genteng) ingkang sampun cawis. Menika pralambang bilih rejekinipun jabang bayi mangke saged lancar lan migunani tumrap sesami.”
Dahar Kembul, Doa & Penutup
“Sampun paripurna tata cara adat Tingkeban. Sakmenika sumangga kita sareng-sareng dedonga ingkang badhe dipun pimpin dening Bapak (Nama Pemuka Agama).
(Prosesi Doa)
Matur nuwun. Acara pungkasan inggih menika ramah tamah utawi dahar kembul (Bancakan). Dhumateng para tamu kula aturi ngrahabi pasugatan.
Kula minangka pranatacara, mbok bilih wonten klinta-klintunipun atur, kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Sugeng kondur, Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.”
Perlu diingat bahwa teks di atas hanyalah contoh, sehingga Anda perlu menyesuaikannya kembali. Nah, itulah tadi teks MC acara Tingkeban 7 bulan yang singkat dan bisa Anda jadikan referensi.***