
KABAR JAWA – Sebentar lagi, masa libur Lebaran 2025 untuk siswa sekolah, termasuk anak SD akan segera berakhir.
Berdasarkan kalender pendidikan dari Kementerian Pendidikan Dasar dan Menengah (Kemdikdasmen), anak-anak sekolah menikmati libur Lebaran mulai tanggal 31 Maret sampai 7 April 2025.
Artinya, mereka akan kembali masuk sekolah pada tanggal 8 April 2025.
Dan menjelang masuk, biasanya guru akan memberikan tugas kepada para siswa untuk menuliskan cerita pengalaman murid-muridnya selama libur Lebaran, terutama dalam Bahasa Jawa.
Tugas ini cukup umum diberikan, terutama bagi siswa Sekolah Dasar (SD), sebagai latihan menulis dan berbagi cerita.
Nah, agar anak-anak tidak bingung saat mengerjakan tugas tersebut, berikut ini kami hadirkan contoh cerita liburan Lebaran 2025 dalam Bahasa Jawa.
Yuk, langsung saja simak contoh-contohnya di bawah ini.
Cerita Libur Lebaran 2025 Anak SD Bahasa Jawa
Singkat
Nalika liburan Lebaran 2025, aku ora mung dolanan wae, nanging uga sinau.
Aku diajak bapak ibu dolan menyang museum pesawat sing ana ing kutha.
Ing kana, aku ndeleng akeh banget pesawat saka jaman lawas nganti pesawat modhèren.
Salah siji kegiyatan sing paling nyenengaké yaiku ngapalaké jeneng-jeneng pesawat.
Aku nulis jenengé nganggo buku catetan lan tak ucapké meneng-meneng supaya éling.
Ana pesawat Hercules, F-16, Boeing, lan liya-liyané.
Saliyane kuwi, aku uga dolanan bareng kanca-kanca nang omah.
Nanging, saben dina aku nyoba maca buku paling ora sak kaca, supaya tetep éling karo pelajaran.
Liburan Lebaranku pancèn seru lan nyenengaké, merga bisa dolan, kumpul karo kulawarga, lan isih tetep sinau.
Unik
Liburan Lebaran 2025 ku iki ana crita unik sing ora bakal tak lali.
Wektu kuwi, aku mudik bareng bapak lan ibuku. Perjalanané adoh, mula aku rada kesel.
Nalika perjalanan mudik, mobilku sempat mampir neng rest area kanggo istirahat.
Rest area kuwi bekas pabrik gula, jenenge Rest Area Banjaratma.
Bangunané lawas nanging keren, kaya omah jaman Belanda
Nanging, pas aku nggatekaké bangunané saka jendela mobil, kondisi sakupenge dumadakan dadi peteng kaya mati lampu.
Aku kaget lan rada merinding. Ora suwe, ana swara teriakan nyuruh aku tangi, “Ayo tangi, wis wayahe maem!” Swara kuwi banter lan kagetaké aku banget.
Nalika aku melek, jebul aku mung turu nang mobil, lan sing nimbali kuwi ibuku dhewe.
Aku ngimpi ning rest area bekas pabrik gula, makané kaget nalika bangun.
Ibuku mung mesem, lan aku banjur mesem malu.
Nanging aku seneng, merga crita kuwi unik lan lucu.
Liburan Lebaranku tahun iki pancèn seru lan ora iso dilalekke.
Seru
Liburan Lebaran 2025 iki pancèn seru tenan, aku ngentekaké wektu kanggo sowan marang sedulur-sedulurku sing wis suwe ora ketemu.
Rasané seneng banget bisa ngobrol lan dolanan bareng karo para sepupu.
Ora mung kuwi, aku uga diajak dolan menyang kutha Yogyakarta.
Ing kono, aku bisa ndeleng langsung Tugu Jogja sing dadi lambangé kutha kasebut.
Tugu Jogja katon gagah lan rame banget sing foto-foto ana ing kono.
Sakwise saka Tugu, aku lan keluargaku nerusaké lelungan menyang Taman Sari, panggonan peninggalan kraton jaman biyen.
Bangunané apik banget lan nduwèni sejarah sing menarik.
Aku nyoba mlebu lorong-lorong sempité, lan ana uga kolam sing biyen digunakaké para ratu.
Liburan Lebaran taun iki dadi pengalaman sing nyenengaké lan ora bakal tak lali.
Bisa ketemu sedulur, dolan menyang Jogja, lan sinau sejarah ing Taman Sari. Muga-muga liburan tahun ngarep bisa luwih seru maneh.
Cerita-cerita di atas dibuat singkat, unik, dan seru—cocok untuk referensi siswa SD agar lebih mudah dalam menyusun karangan mereka sendiri.
Nah, itu tadi contoh cerita libur Lebaran 2025 dalam Bahasa Jawa yang bisa dijadikan referensi.***