
KabarJawa.com – Perayaan Hari Raya Idul Fitri 1447 H / 2026 tak hanya identik dengan ibadah dan silaturahmi, tetapi juga berbagai tradisi yang telah mengakar kuat di masyarakat.
Salah satu tradisi yang masih dijaga hingga kini adalah halal bihalal atau syawalan. Dalam kegiatan tersebut, pembacaan ikrar syawalan sering menjadi momen penting yang berlangsung dengan penuh kekhidmatan.
Tradisi ini biasanya digelar setelah rangkaian perayaan Idul Fitri, baik di lingkungan keluarga, masyarakat, hingga lembaga tertentu.
Ikrar syawalan menjadi simbol saling memaafkan serta mempererat hubungan antarindividu setelah menjalani ibadah di bulan Ramadhan.
Dalam praktiknya, ikrar syawalan dibacakan oleh seorang perwakilan. Sosok yang memandu pembacaan ini bisa berasal dari tokoh masyarakat, ketua panitia acara, hingga wakil dari generasi muda. Setelah dibacakan, peserta yang hadir biasanya mengikuti atau mengamini isi ikrar tersebut.
Dan bagi Anda mendapat amanah memimpin pembacaan ikrar syawalan, tetapi perlu menggunakan Bahasa Jawa, maka Anda sebenarnya tak perlu khawatir lagi.
Berikut KabarJawa.com sajikan beberapa teks ikrar syawalan Bahasa Jawa singkat dan bisa Anda jadikan referensi.
Ikrar Syawalan Bahasa Jawa Berbagai Acara
Duh Gusti Allah pangeran kula.
Sedaya pangalembono kunjuk wonten ngarso paduka.
Wonten ing dinten menika, kula sami silaturahmi, saperlu halal bihalal apuro ing apuran.
Dhumateng bapak/ibu engkang kaleres sepuh. Kulo ngaturaken raos bektos kula,
Dhumateng kadang sesami, kula ngaturaken salam takdzim kula.
Dateng adik-adik engkang kaleres anem, kula ngaturaken raos tresno kula.
Wonten Riadin Fitri menika, Kula nglenggono sedoyo kalepatan soho kekhilafan kula.
Dhateng panjenengan sedoyo.
Mbok bilih panjengan sedoyo, kagungan kalepatan soho kekhilafan dateng kula,
Saestu kanthi longgaring manah, kula caos pangapunten dhateng panjenengan sedoyo.
Mugi-mugi Allah SWT, tansah paring pitedah saha pitulungan dateng kita.
Sahingga kita saged njagi iman saha taqwa kita, Ibadah saha amal sholeh kita.
Mugi-mugi Gusti Allah nampi amal ibadah kita, tansah paring pangapunten dateng sedoyo dosa kalepatan kita, tansah paring ijabah dateng sedoyo panyuwunan kita.
Rabbana atina fiddunya hasanah, wa fil akhiroti hasanah Waqina’ adza bannar, Aamiin Aamiin Ya Robbal Alamin.
Ikrar Syawalan untuk Tingkat RT atau Warga Kampung
Kepareng matur dhumateng para pinisepuh, bapak, ibu, saha sedherek sedaya.
Wonten ing dinten riyadi menika, kula ngaturaken sugeng riyadi 1 Syawal 1447 Hijriah.
Kula minangka warga, nglenggana kathah kalepatan tindak-tanduk saha tata wicara ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya sak dangunipun kita srawung.
Kanthi andhap asor lan reresik ing manah, kula nyuwun agunging samudro pangaksami.
Semanten ugi, mbok bilih panjenengan kagungan kalepatan dhumateng kula, kanthi ikhlas sampun kula pangapunten.
Mugi-mugi Gusti Allah SWT nampi amal ibadah kita sedaya. Aamiin.
Ikrar Syawalan Bahasa Jawa untuk Trah atau Keluarga Besar
Dhumateng para sesepuh dalah pinisepuh ingkang pantes kinabekten, sarta kadang wredha mudha kaluwarga ageng ingkang kula tresnani.
Ing kalodhangan menika, kula ngaturaken sembah sungkem pangabakti.
Kula ngakeni bilih gadhah kalepatan ingkang sengaja menapa mboten sengaja dhumateng panjenengan sedaya.
Ing dinten ingkang fitri menika, kula nyuwun lumunturing sih pangaksama.
Mugi-mugi Gusti Allah tansah paring pitedah, karahayon, lan kerukunan dhumateng kaluwarga ageng kita selaminipun.
Ikrar Syawalan Singkat dan Mudah Dihafal
Bismillahirrohmanirrohim.
Kula ngaturaken sugeng riyadi Idul Fitri 1447 H.
Nyuwun agunging samudro pangaksami lair trusing batos, saking sedaya kalepatan ingkang mboten mranani ing panggalih panjenengan sedaya.
Mugi Gusti Allah paring maghfirah dhumateng kula lan panjenengan, saha nampi sedaya amal ibadah kita ing wulan Ramadhan. Taqabbalallahu minna wa minkum. Mohon maaf lahir dan batin.
Ikrar Syawalan untuk Pemuda atau Karang Taruna
Kanca-kanca kadang nem-neman ingkang kula tresnani.
Wonten ing dinten kemenangan menika, kula ngaturaken sugeng riyadi.
Kula nyuwun pangapunten mbok bilih wonten kelepatan wicara, guyonan, lan tindak-tanduk ingkang nyinggung manah panjenengan sak dangunipun kita kekancan.
Mugi-mugi paseduluran lan kerukunan kita tansah raket, sarta tansah pikantuk berkah saking Gusti Ingkang Maha Kuasa.
Perlu diingat bahwa beberapa teks di atas hanyalah contoh. Sehingga, Anda perlu menyesuaikan maupun melengkapinya kembali. Nah, itulah tadi berbagai macam teks ikrar Syawalan 1447 H / 2026 yang bisa Anda jadikan referensi.***