
KABAR JAWA – Momen peringatan Isra Miraj tinggal hitungan hari lagi. Meski begitu, saat ini sudah mulai banyak acara yang digelar masyarakat, khususnya umat Islam di Indonesia.
Berbagai acara tersebut umumnya diselenggarakan untuk memperingati salah satu hari besar yang diistimewakan dalam Islam ini.
Nah, apabila Anda ditunjuk menjadi Master of Ceremony (MC) dalam kegiatan tersebut, maka Anda tak perlu bingung lagi.
Berikut Kabarjawa.com sajikan beberapa teks MC Isra Miraj 2025 Bahasa Jawa yang bisa dijadikan contoh.
Teks MC Isra Miraj 2025 Bahasa Jawa Singkat
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Bismillahirrahmanirrahim.
Kaping pisan, monggo ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT, sing sampun maringi nikmat iman, Islam, lan sehat, saengga kita saged kumpul ing dalu sing penuh berkah iki kanggo mengeti Isra’ Mi’rajipun Nabi Muhammad SAW 1446 H.
Sholawat saha salam mugi tansah kita aturaken dhumateng junjungan kita, Kanjeng Nabi Muhammad SAW, sing sampun maringi pituduh lan ndadekake cahya Islam tumrap umat manungsa.
Bapak lan Ibu ingkang kinurmatan, kula, (Nama MC), dipun paringi kapitadosan kangge memandu acara Isra’ Mi’raj dalu menika.
Mugi-mugi acara menika saget lancar lan dados barokah kagem kita sedaya.
Kanggo ngawiti acara menika, sumangga kita kawiwitan kanthi maos Basmalah sesarengan. Bismillahirrahmanirrahim.
Teks MC Isra Miraj 2025 Bahasa Jawa Formal
Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu,wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, mayyahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu annamuhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.
Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah.
Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana. Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lan sedoyonipun.
Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam.
Innalhamda lillaah.Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, paragarwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugikita tansah pikantuk syafaatipun.
Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kulaminangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan Isra’ Mi’rajnyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggelpangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika.
Sak lajengipun, keparengakula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan Isra’ Mi’raj ing titi wanci punikaingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten:
- Pambuko
- Maos Ayat Al-Qur’an
- Sholat Isya’ berjamaah
- Mauidhoh Hasanah saking Kyai Haji Ridwan Ahmad, Lc.
- Doa Panutup
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titilaksana adicara Pengaosan Isra’ mi’raj ing dalu punika.
Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menikasageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT.
Kinarya murwakani adicara pengaosan menika,sumangga kita ngunjukkaen do’a kanti waosan bismillahirrahmanirrahim.
Teks MC Isra Miraj 2025 Bahasa Jawa untuk Berbagai Acara
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Bismillahirrahmanirrahim.
Sedaya puji syukur kula aturaken dhumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi kita kasempatan lan kesehatan saengga kita saged kumpul ing dalu sing penuh berkah iki kanggo mengeti lelampahan agung Isra’ Mi’rajipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW 1446 H.
Sholawat saha salam, mugi-mugi tansah kita aturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, para keluarga, para sahabat, saha umatipun dumugi akhir zaman.
Bapak lan Ibu ingkang kinurmatan, sugeng rawuh ing acara Isra’ Mi’raj dalu punika. Kula (Nama MC), dipun paringi tugas kangge memandu jalannya acara menika.
Mugi-mugi, panjenengan sedaya saged ndherekaken kanthi khidmat wiwit dumugi pungkasanipun.
Sumangga kita kawiwitan acara menika kanthi memundhi ridho saking Allah SWT, kanthi sesarengan maos Basmalah. Bismillahirrahmanirrahim.
Mugi acara menika maringi berkah lan manfaat kangge kita sedaya. Aamiin ya rabbal ‘alamin.
Nah, itu tadi beberapa teks MC Bahasa Jawa yang bisa dijadikan referensi untuk acara peringatan Isra Miraj 2025. Semoga bermanfaat.***